Senin, 19 Desember 2011

Tugas TIK

Wawancara
Wawancara iku duweni makna kepengin ngerteni samubarang kanti cara takon marang wong kang ngerti bab samubarang kasebut . Wawancara iku minangka cara/teknik kanggo golek informasi marang narasumber kang dituju.
Teknik wawancara iku ana 3 yaiku :
-Teknik wawancara njero /in depth interview
 Yen kita kepingin ngerteni samubarang wiwit saka pucuking ngati saka oyote
-Teknik wawancara tumata
 Golek pitakon - pitakon sing wis dirancang sadurunge,ora kurang lan ora luwih
-Teknik wawancara bebas Golek informasi kanthi pitakon - pitakon kang ora tata / bebas ,nangin informasi
kang utama tetep kena/oleh


Ragam basa sing digunakake kanggo Wawancara
Umume basa nduweni cara - cara tartemtu kanggo nuduhkake sesambungan  / hubungane antarane wong kang lagi ngmong (O1)marang wong sing diajak ngomong (O2) utawa wong kang di omongake (O3).Ana pawongan sing perlu diajeni ,ana wong kang biasa-biasa wae gumantung saka kahanan drajat/pangkat,awak,kahanan ekonomi, sarasilahe kaluwarga,umur,jenise pakaryaan,lan jenis kelamin. Ing basa Jawa dikenal ragam basa formal lan informal .Yen formal nggunakake basa krama yen informal gunakake basa ngoko (nangin kabeh iku tergatung pawonan iku wau)

Contoh wawancara
Indah :Dhik,selamet ya kowe dadi juwara 1 olimpiade basa inggris
Hana : Inggih mbak matur nuwun ,kula nggih mutur nuwun marang Gusti pangeran
Indah :Piye to dhik ben isa kaya kowe?
Hana : gampang sejatine mbak ,sregep sinau basa inggris,ngerungoke lagu basa Inggris,lan boten lali latian ngomong
Indah :Oh ngono to dhik trus piye caramu mbagi wektu ben isa sinau kaya kowe?
Hana : Sejatine gampang mbak yen awake dewe niat sinau 
Indah : Yen ngunu matur nuwun nggih dhik 
Hana : Inggih mabak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar